Senin, 26 Mei 2014

Geguritan Pelangi

PELANGI


Pelangi ........
Aku ora ngerti , kowe sekang endi
Sanajan aku ngerti kowe mung siji
Yakuwi, Kowe teka lan ana sawise udan
Embuh udan gede lan cilikkan

Pelangi ........
Kowe kayata permata utawi berlian
Aku ngerti kowe dikenal wong kathah
Yakuwi, sekang warnamu ingkang cerah
Gawe wong bingah lan sumringah
Warnamu ngiasi langit biru iki
Abang, ijo, kuning, biru lan saliyane

Pelangi ........
Kowe dipuja sanajan sedhela
Kowe kaciptan kaendahan ingkang apik
Sapa penciptane kowe ?
Yakuwi Gusti Ingkang Maha Agung


Anggitanipun  : Wildatun Mutmainah


Tidak ada komentar:

Posting Komentar